Minggu, 29 Juni 2014

CERITA RAKYAT SEMARANG



KI AGENG PANDANARAN II
Ki ageng Pandanaran duwe jeneng asli yaiku Pangeran Mande Pandan, minangka putra saka Kanjeng Gusti Pangeran Harya Madya Pandan (Syeikh Maulana Ibnu Abdus Salam). Pangeran Harya Madya Pandan kuwi uga keturunan sultan Demak II (Pati Unus) ingkang kagungan julukan Pangeran Sabrang Lor. Ing sawijining wektu, Pangeran Harya Madya Pandan nate digadhang-gadhang kaliyan para petinggi kerajaan  Demak dados penerus saka Pati Unus. Nanging Pangeran Harya Madya Pandan ora kersa amarga panjenengane ora mbanget-mbangeti anggone mikir kasugihan lan kekuwasaan. Mula, Pangeran Harya luwih milih ninggalake kawasan kerajaan Demak lan meguru marang Sunan Ampel ing Surabaya, Jawa Timur. Saka gurune, yaiku Sunan Ampel, Pangeran Harya Madya Pandan kang kagungan gelar Ki Ageng Pandanaran didhawuhi dening Sunan Ampel supaya dakwah ajaran Islam ana ing Demak lan sakupengane. Lajeng, kanthi sengkut lan permati, Ki Ageng Pandanaran ngrombaki struktur tanah ing sekitaran kana lan nyebarake  ajaran agama Islam. Amrga dhaerah kuwi dirombak utawa di bubak, mula dhaerah kuwi dijenengi ‘Bubakan’.
Ana ing Demak, Ki Ageng Pandanaran kekancan raket lan kagungan rasa tresna asih kekadangan karo Sultan Demak. Mula, Sultan Demak banjur maringi saperangan tanah kekuwasaan ana ing sawijining dhaerah kang durung duwe jeneng. Ki Ageng Pandanaran banjur sinandhingan karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng Pandanaran durung pirsa apa jenenge wilayah kono, banjur papan kono diparingi jeneng Semarang, kang nduweni teges aseme arang-arang, merga ing papan kono pancen ana akeh wit asem kang thukul arang-arang, saengga papan kono diarani Semarang.   Ki Ageng Pandanaran banjur dadi Bupati ing kabupaten Semarang, kagungan putra aran Pangeran Mangkubumi. Pangeran Mangkubumi bagus pasuryane, pawakane gagah pideksa, lantip manahe, lan becik bebudene. Pangeran Mangkubumi nate tindak dhateng Semarang sisih kidul lan panjenenganipun maringi jeneng daerah nggih menika Tembalang saking kadadeyan tuk sanga ingkang banyune mili kathah sanget lan sampun bola – bola dipuntambal. Tembalang adhedasar saking tembung “tambale ilang”.
Langit kabupaten Semarang ora kaya biyasane, dina kuwi mendung lan swara – swara kewan sing biyasane padha sumaur ora krungu nambahi anyepe dina kui kaya – kaya alam uga ngrasakke arep ana kadedayan, dina kuwi Ki Ageng Pandanaran tilar donya.  Sakdherengipun Ki Ageng Pandanaran seda, Ki Ageng Pandanaran ngendika dhateng Pangeran Mangkubumi inggih menika supados bisa nyepeng pamrentahan kanthi sae lan boten supe dhateng agama lan kuwajibannipun. Nalika Ki Ageng Pandanaran seda, Pangeran Mangkubumi dadi Bupati ing kabupaten Semarang, nggenteni ramane. Pangeran Mangkubumi diwenehi gelar “Ki Ageng Pandanaran II”. Wis pancen mangkono pantese, Pangeran Mangkubumi luwih duwe hak marang kabupaten Semarang tinimbang rayine.
Ing sawijine wektu, Ki Ageng Pandanaran II nandang tresna marang salah sawijine santri kang ana ing pesantren kono. Santri kuwi banjur digarwa dening Ki Ageng Pandanaran II, lan dadi sandhingane kang setya tuhu ngancani urip lan perjuwangane Ki Ageng Pandanaran II.
Pangeran Mangkubumi utawa Ki Ageng Pandanaran II anggone nyepeng pamrentahan ing kabupaten Semarang becik banget. Panjenengane bisa njaga kamakmuran lan katentreman kabupaten Semarang, babagan sandhang lan pangan ing wilayah kabupaten Semarang uga banget digatekake. Rakyat tresna banget marang pimpinane, yaiku Ki Ageng Pandanaran II. Semono uga, Ki Ageng Pandanaran II uga misuwur karo kelantipane ing babagan agama, panjenengane uga asring maringi khotbah Jumat lan mandegani pondhok pesantren ing kabupaten Semarang, saengga kabupaten Semarang dadi wilayah kang subur, makmur, ora kurang sandhang pangan, aman, tentrem, lan agamis.
Pirang-pirang taun anggone Ki Ageng Pandanaran II nyepeng pemrentahan ing kabupaten Semarang lan ndadekake kabupaten Semarang nagara kang subur makmur lan santosa, Ki Ageng Pandanaran II limpah-limpah bandha donya. Saben dina bandha donyane sansaya akeh, panjenengane wis sansaya kablasuk ing babagan gebyaring donya. Saya dina sing digatekake mung urusan golek bandha donya. Kepengine mung dadi wong sugih lan tambah sugih, nanging sipat-sipat luhur sing dhek biyen diduweni saiki dadi ilang. Manungsa kuwi pancen sarwa ora mesthi, bisa maleh dadi apa wae. Ki Ageng Pandanaran II wis ora patia preduli babagan urusan agama, pondhok pesantren sing biyen dipandhegani saiki wis ora diurusi. Yen dhek biyen saben dina Jemuwah mesthi kersa ngisi khotbah Jumat saiki wis ora tau, kepara malah wis arang-arang ngambah mesjid.
Rakyat dadi prihatin ngreti sipate ratu junjungane kang maleh dadi kaya mangkono. Ki Ageng Pandanaran II asring lali marang kuwajibane ngemban titah nagara, ngurus pesantren, lan panggonan-panggonan ibadah. Sing diurusi mung awake dhewe karo garwane, lan bandha donyane kang limpah-limpah kuwi. Rakyat rumangsa banget sedhih lan prihatin.
Kahanan iki uga sumebar tekan kerajaan Demak. Sultan Demak Bintara wis pirsa kahanan kabupaten Semarang lan kalakuwan ala Ki Ageng Pandanaran II. Iki uga ndadekake prihatine Sri Sultan Demak Bintara. Banjur Sultan Demak Bintara ngutus dhumateng Sunan Kalijaga saka Kadilangu kanggo ngemutake Ki Ageng Pandanaran II supaya kemutan maneh babagan kepentingan akherat, lan supaya Ki Ageng Pandanaran II ora keblasuk sansaya adoh ing babagan gebyaring donya.
Ing sasuwene mlampah menyang Semarang, Sunan Kalijaga mikir kepiye carane supaya bisa ngemutake Ki Ageng Pandanaran II kanthi cara sing paling ampuh. Banjur Sunan Kalijaga duwe pemikiran kanggo nyamar dadi pengemis tuwa sing rupane ala lan klambine reged. Nalika ketemu karo Ki Ageng Pandanaran II, Sunan Kalijaga nyuwun sodaqoh marang panjenengane. Ananging, Ki Ageng Pandanaran II malah nindakake laku kasar lan ora sopan marang pengemis kuwi.
Ki Ageng Pandanaran II pancen wis dadi congkrah lan kikir mecukil. Sipate ala ora kena ditiru. Ora gelem ngamal lan mbentak-mbentak wong tuwa. Kuwi sipat kang banget alane. Ki Ageng Pandanaran II banjur mlebu ing daleme sinambi nggresula merga katekan pengemis tuwa mau. Sang garwa sing ngereh-ereh Ki Ageng Pandanaran II supaya mendha anggone muring-muring prekara pengemis mau.
Satengah-tengahing sore kang endah, ing ngarep daleme Ki Ageng Pandanaran II, Sunan Kalijaga sing wis salin rupa dadi tukang suket utawa bakul suket nganggo ageman sing lusuh pating sliwir ora karuwan nawani suket ing daleme Ki Ageng Pandanaran II. Ananging, kaya padatane, Ki Ageng Pandanaran II malah kasar marang bakul suket iku. Mula, banjur bakul suket kang satemene Sunan Kalijaga iku ngandhani Ki Ageng Pandanaran II supaya ngrubah laku ala lan takabur sing marai lali marang ajaran agama Islam. Ki Ageng Pandanaran II ngrasa jengkel karo sikape bakul suket kang kumawani kuwi. Panjenengane banjur muni-muni lan ngusir bakul suket mau kanthi laku kasar. Ananging, bakul suket kuwi mau ora gelem lunga, malah dheweke malah ngandhani Ki Ageng Pandanaran II maneh. Dheweke kandha menawa bandha lan harta kang diduweni Ki Ageng Pandanaran II isih kalah akeh karo bandhane dheweke.
Ki Ageng Pandanaran II rumangsa banget diece, rumangsa dilecehake, panjenengane wis wiwit ngliwati bates kesabarane manungsa. Rasa murka lan duka kacampur dadi siji kaya kudu mbledhos-mbledhosa. Banjur, Ki Ageng Pandanaran II kanthi emosi takon marang bakul suket kuwi, apa kang njalari dheweke wani muni luwih sugih katimbang Ki Ageng Pandanaran lan apa buktine.  
Sunan Kalijaga ora enggal mangsuli. Panjenengane malah nyepeng pacul lan wiwit maculi lemah ing sangisore. Alon nanging mantep, lemah kang dipaculi kuwi wiwit tuwuh tanduran sing sansaya gedhe. Saking cepete anggone tuwuh, tanduran kuwi nalika ceblok langsung tuwuh dadi wit gedhe lan metu wohe. Ndadekake kagete manah Ki Ageng Pandanaran II, yen jebul wit kuwi nduweni woh-wohan arupa mas. Mas kang nyata. Tuwuh gumrandhul minangka wohing wit kuwi. Ki Ageng Pandanaran II meh wae ora percaya mirsani kadadeyan kuwi, banjur panjenengane sadhar, lan mbalik nyebut asma Gusti maneh.
Ki Ageng Pandanaran II dadi ajrih lan nyuwun pirsa, satenane bakul suket kang lagi jumeneng ing ngarepe kuwi sapa? Kok bisa sakti mandraguna kaya kuwi?. Kanggo mangsuli pitakone Ki Ageng Pandanaran II mau, Sunan Kalijaga mungkasi penyamarane, panjenengane banjur ngaku, yen sejatine, panjenengane kuwi Sunan Kalijaga kang sekti lan ahli ilmu agama.
Sawise pirsa menawa bakul suket kuwi mau satenane Sunan Kalijaga kang sanget sektine lan jero ilmu agamane, Ki Ageng Pandanaran II banjur sadhar lan nyuwun marang Sunan  Kalijaga supaya kersa ndadekake Ki Ageng Pandanaran II minangka murid. Ki Ageng Pandanaran II kepingin bali maneh dadi kawula Gusti kang taat marang ajaran agama Islam lan ora bakal ngurusi bandha lan pangkat ing donya maneh.
Banjur sunan Kalijaga ngutus marang Ki Ageng Pandanaran II, yen kepengin dadi muride kudu gelem nglakoni perintahe. Yaiku ngumbara tumuju ing kidul tanpa kanca lan tanpa bandha sarta nyebarake ajaran Islam ing panggonan sing dituju. Ki Ageng Pandanaran II nyembadani apa sing dadi syarate supaya bisa dadi muride Sunan Kalijaga. Ki Ageng Pandanaran II ngumbara tumuju kidul Jawa tanpa dikancani sapa sapa lan tanpa bandha apa – apa.
Nanging, tanpa sapangertene Ki Ageng Pandanaran II, jebul Nyi Ageng Pandanaran nututi lungane garwane. Ing satengahing dalan nalika nututi Ki Ageng Pandanaran II, ana begal sing nyegat Nyi Ageng Pandanaran amarga begal kuwi ngerti yen Nyi Ageng Pandanaran nggawa mas - mas an sing diumpetke ing tongkate sing digawa. Begal sing dipandhegani dening Syekh Domba ngancem marang Nyi Ageng Pandanaran supaya nyerahake bandha sing digawa ing tongkate. Banjur Nyi Ageng Pandanaran njerit amarga wedi marang begal mau. Ki Ageng Pandanaran II sing ana ora adoh saka panggonan kono, krungu jeritane wong wadon lan mara ing panggonan begal mau. Nalika ngerti yen wong wadon kuwi jebul garwane, Ki Ageng Pandanaran II kaget lan rada nesu amarga dheweke ditutake dening Nyi Ageng Pandanaran.
Ki Ageng Pandanaran II nulung garwane sing arep dibegal, nanging dheweke malah kena tatu saka begal sing arep natuni Nyi Ageng Pandanaran. Kanthi kasektene Sunan Kalijaga, Ki Ageng Pandanaran II ditulung lan bisa ngalahake begal lan kanca-kancane. Nanging, Ki Ageng Pandanaran II tetep wae nesu marang Nyi Ageng Pandanaran amarga ngetuti pangumbarane Ki Ageng Pandanaran II tanpa sapangertene. Mula panggonan ing kono mau kanggo ngenang kedadeyan sing ora kepenak kuwi dijenengi Salatiga, saka tembung “salah” lan “tiga”. Kedadeyean ora kepenak kuwi pancen salahe wong telu, yaiku Nyi Ageng Pandanaran, begal ,lan Ki Ageng Pandanaran II.
Banjur Ki Ageng Pandanaran II nerusake pangumbarane lan saiki wis dikancani dening garwane. Nasibe begal mau akhire dadi muride Ki Ageng Pandanaran II, banjur diutus Ki Ageng Pandanaran II supaya melu ngajarake agama Islam ing gunung Jabalkat lan sekitare. Syekh Domba kanggo ngabdi marang Ki Ageng Pandanaran II, dheweke lila dadi sendang kanggo masjid ing sekitar gunung Jabalkat. Nalika wis tekan gunung Jabalkat, Ki Ageng Pandanaran II kasil anggone ngajarake ajaran Islam ing sakupengan kono. Akeh warga sing padha seneng marang sikape Ki Ageng Pandanaran II sing santun lan wicaksana. 


Ngrasa ana sing bisa dadi panutan kanggo warga, akhire padha takon satemene Ki Ageng Pandanaran II kuwi sapa ? lajeng Ki Ageng Pandanaran II ngaku yen dheweke kuwi satenane Bupati Kab. Semarang sing nembe kautus dening Sunan Kalijaga supaya bisa eling marang Gusti lan ora mentingake urip duniawai. Ngerti jatidiri asli saka Ki Ageng Pandanaran II, para warga ngaturake sembah sujud dhumateng panguwasa Kab. Semarang kuwi.
Ki Ageng Pandanaran II kaitung wis kasil anggene ngumbara, yaiku bisa ngajarake ajaran agama Islam lan wis bisa ora banget-banget anggene mikirake donya. Lajeng Sunan Kalijaga ngangkat Ki Ageng Pandanaran II dadi muride lan bali maneh ing Semarang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar